Senin, 07 Juli 2008

Rengeng-rengeng dino iki (II)


(tembang durma)

”Waringin sungsang wayahipun tumuruna,
ngaubi awak mami, tur tinuting bala,
pinacak suci kembar, pipita jujur maripit,
asri yen siang, angker kalane wengi.

Duk samana akepel kumpuling rasa,
metraku dadi dingin, metraningsun emas,
puputihe mutiara, ireng treng wesi manik,
ceploking netra, waliker uda ratih,

Rambut kawat sinomku pamor angrayap,
batuk sela cendani, kupingku salaka,
pilingan ingsun gongsa, irungku wesi’duaji,
pasu kulewang, pipiku wesi kuning.

Guluningsun paron wesi galigiran,
dada wesi sadacin, pundak wesi akas,
walikat wesi ambal, salangku wesi walungin,
bauku denda, sikutku pukul wesi.”

From : Kidung Senja di Mataram by Asmaraman S. Kho Ping Hoo

Tidak ada komentar: